Einstein

27-05-2009 by: gajah_pesing

Opo’o langit wernone biru? Opo’o genine lilin kok kuning? Ojok meneng tok neng petengan ae, mergo Einstein ae gak ngerti…

Byuh, pertanyaan karo pernyataane wes ketok gak nggenah ngono.. Cuma ndelok deskripsine tok nggarai awak ndewes kepengen moco buku iku. Emang opo’e karo buku iku, coba deloken teko judul’e “Einstein Aja Gak Tahu!” Wong koyok aku seng slenge’an ngene dadine kepengen ngerti isi cerito neng buku iku.

Buku seng karangan Robert L. Wolke iki dibandrol lumayan larang nek gae ukuran pengangguran koyo aku. Regone seket ewu munggah (tak saranno mending tukune pas wayah’e diskon ae). Buku iki njelasno kimia neng urip awak dewe. Seng ngarang buku iku tibak’e guru besar ilmu kimia neng Universitas Pittsburgh trus dadi peneliti kimia nuklir, byuh… Hebat temen wong iki jew…

Iki tak critakno ringkasan’e (sak uprit ae, ngkok aku dikiro mbajak bukune wong) :

  • Sabun kok iso ngerti ndi seng kotor ndi seng resik?
  • Misal’e nek awak dewe duwe magnet seng apik, opo isok ngangkat bayem?
  • Opo’o wesi kok isok teyengen?
  • Opo’o blukutuk kok mesti bunder?

Takonan-takonan iku sakjane wes ono jawabane neng sekitare awak dewe, cuma awak dewe iki kan durung ngerti ilmune trus kadang gak sempet kepikir neng utek awak dewe kan? Marai aku moco buku iku dadine aku rodok ngerti (dudu sok keminter lo…). Temenan jew, buku iki gak perlu penjelasan seng njlentreh gak karuan koyok ilmuwan sains. Malah ngkok iso kepingkel-pingkel mergo jawabane iki sakjane wes ono tapi awak dewe gak rumongso..

Sepurane seng akeh, aku gak perlu kakean cangkem nyritakno buku iki, mending tuku’o dewe ae neng warung buku seng gede magrong-magrong mesti ono (nek gak ono brarti entek). Tak nerusno moco buku iki sek, suk nek ditakoni arek cilik-cilik ben iso njawab, isin puol nek gak iso njawab jew…

nb : bagi yang ingin tahu dalam bahasa Indonesia-nya, silahkan minta di kolom komentar
Share and Enjoy:
  • Print
  • Digg
  • Sphinn
  • del.icio.us
  • Facebook
  • Mixx
  • Google Bookmarks
  • Blogosphere News
  • HelloTxt
  • LinkedIn
  • Live
  • Ping.fm
  • Reddit
  • RSS
  • Technorati
  • Twitter
  • Yahoo! Bookmarks
Category: Tulisan
Tags: ,

28 Comments

(Required)
(Required, will not be published)
CommentLuv Enabled
;) :| :x :twisted: :roll: :oops: :o :mrgreen: :lol: :idea: :evil: :cry: :arrow: :P :D :?: :? :) :( :!: 8O 8) (worship) (woot) (wek) (wa) (thinking) (tepoktangan) (sungging) (smile) (sleep) (sick) (sedih) (sad) (rofl) (rock) (pret) (nyam) (ninja) (ngantuk) (music) (muach) (money) (melet) (malu) (mad) (lmao) (la) (kocomoto) (kiss) (hungry) (huek) (hmm) (hihihi) (hehehe) (hehe) (heart) (headspin) (hahaha) (ha?) (ha) (gym) (gegege) (gaya) (evilgrin) (enek) (drinking) (doh) (dance1) (dance) (dah) (cozy) (ckckck) (bye) (bringit) (bigheart) (banana_dance) (annoyedd) (annoyed) (angry)